SELAMAT DATANG PARA SAHABAT BLOGGER DI BLOG SEDERHANA KAMI "MP" DAARUTTHOLABAH79.BLOGSPOT.COM.BLOG DARI SEORANG WNI YANG BERHARAP ADA PEMIMPIN DI NEGERI INI,BAIK SIPIL/MILITER YANG BERANI MENGEMBALIKAN PANCASILA DAN UUD 1945 YANG MURNI DAN KONSEKUEN TANPA EMBEL-EMBEL AMANDEMEN SEBAGAI DASAR NEGARA DAN PANDANGAN HIDUP RAKYAT INDONESIA...BHINNEKA TUNGGAL IKA JADI KESEPAKATAN BERBANGSA DAN BERNEGARA,TOLERANSI DAN KESEDIAAN BERKORBAN JADI CIRINYA...AMIIN

Senin, 04 September 2017

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA KROMO INGGIL..

Bagi generasi sekarang yang biasa di sebut generasi Milenium, pidato dalam bahasa jawa sangatlah sulit di pelajari, lebih2 sangat jarang adanya pembelajaran ataupun kursus yang khusus memudahkan kita belajar menuturkan bahasa jawa alus...

Pada kesempatan ini ijinkan saya memberikan contoh pidato bahasa jawa yang semoga bisa membantu para pengunjung termasuk saya sendiri belajar menuturkan bahasa jawa (Terlebih pidato)...
Tentu masih banyak kekurangan disana sini...tapi harapan kami sedikit bisa membantu kita semua ya...
Cekidot..

السلأم عليكم ورحمة الله وبركاته
ألحمّد لله .ألحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب اليه , ونعوذ بالله  من سرور أنفسنا ومن سّيئات أعمالنا , من يهد الله فلا مضلّ  له  ومن يضل له  فلا هادي  له .أشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له , وأشهد أن محمّدا عبده ورسوله . وقال الله تعالى في القران العظيم........ 
Ø Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
Ø Dumateng poro sesepuh  pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Ø Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah … ugi  para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo. 

Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun  junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun bapak…….dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus………/roro diyah ayu……..ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah,  Amin……… 

Sagunging tamu undangan kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah  ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,
Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.

1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: >> atur pambuko
2. Kalajengaken dumawah adicoro ongko kalih nun inggih: >> wahosan ayat suci Al qur an   
3. Adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan >>
    a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten (KAKUNG/PUTRI)
    b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy
5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah Ingkang kalajengaken Do'a minangkaning panutupipun adicoro 

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab  ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala 
(LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH)

Wayahing mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan, sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo, domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek….……….saking……wekdal soho sasono kawulo aturaken
(Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji, mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x)

‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan  !!
Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluwarga  pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken……
(Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco)

Selajengipun inggih puniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak ……………..badhe marak ngabiyantara, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak ……… pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken. 
(Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken).

Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika . sumangga…!!!

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,( bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu, minongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah, saking arah meniko panjenengan ipun bapak……….Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan ipun Romo kyai …………ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho paring warsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo lan sak mangke ugi nyuwun berkahipun do'a minongko paripurnaning adicoro.

ananging sakderengipun adicara puniko paripurna, kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait ) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami
pramilo dumateng panjenengan ipun Romo kyai………….wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.

وبالله التوفق والهداية,  والسلام عليكم  ورحمة الله وبركاته..